Pages

Jumat, 06 Juli 2012

Udad-Udud, Udad-Udud


‘Bukne… Bukne… njuk duite sepuluh ewu hawe, Bukne!’

‘Arep dinggo menopo to Pakne?’

‘Iki… anu… meh tuku udud..’


‘Ealaaahh… udad-udud, udad-udud hawe! Wegah!! Duite ameh entek! Sopo sing arep mbayar pajek listrik? Sopo sing meh mbayar sekolahe cah-cah? Sopo sing meh golek duit nggo nyaur utang? Opo sing dinggo tuku beras lan gas sing langka kae? Sopo?! Opo?!’

‘Ya ampuuun, Bukne. Mosok gur njaluk sepuluh ewu wae gak entuk!’

‘Pakne, mbok njenengan ki yo prihatin sitik ngunu. Dhilit meneh BBM arep mundhak, sembako soyo larang, biaya BOS kanggo sekolah cah-cah yo during nyair, SPP sekolah regane nekak uwong. Saiki ora enek sing gratis, lhawong meh pipis wae mbayar sewu. Opo-opo larang. Wong ngemis karo ngamen we dibayar limangatus wegah kok. Mikir, Pakne, ojo mung udad-udud, udad-udud..’

‘Yowis, neknu rongewu hawe, tak nggo tuku udud sak ler tok til. Piye, penak to?’

‘Wis jan..! tobaaat… tobaaat… EMOH!!! Ket mbiyen mung udad-udud, udad-udud..! Kapan marine to, Pakne? Mbok prihatin ngono lho. Ojo mung kempas-kempus, njenengan ki mbok nyambut gawe kono. Nek gur njaluki udad-udud, udad-udud, TAK SABET STUT SISAN MENGKO!!’

‘Adoh, modyar aku!’

(.‘’)(‘’.) (.‘’)(‘’.)


Untuk para pekerja di belakang rumah
mereka  yang ndak kerja-kerja
tapi malah… udad-udud, udad-udud hawe!

(.‘’)(‘’.) (.‘’)(‘’.)

Matur nuwun sudah kersa pinarak ke gubuk kecil saya
Sebuah gubuk, tempat menabung potongan kejujuran dan cuplikan angan

0 komentar:

Posting Komentar

Thanks for Reading. Follow my instagram account @abadikanmu and see you there!